Putus Cinta

Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki sir-siran.
Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokoke.
Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.

Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.
Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.
"Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . ." jare Wiwik.
Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.

Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.
"Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan" jare Tatang.
"Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . ." jare Wiwik.
Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.

Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung. Mangan gak enak, turu opo maneh.
Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.
Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaose mbayangno masa-masa indah.
Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.

Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang, jarene ono tilpun seko Wiwik.
Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.

"Halo . ." jare Tatang ndredeg.
"Iki Cak Tatang tah ? . ." jare Wiwik.
"Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangen pol aku dik . . ." jare Tatang sik ndredeg.
"Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus " jare Wiwik.
"Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambek aku, opo jare bapakmu ? " takok Tatang.
"Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . ."